Thursday, August 20, 2015

APA DAN SIAPA KITA

APA DAN SIAPA KITA
(Darsono, Solo)

Waktu itu saya dalam perjalanan dari Jogya ke Jakarta naik pesawat.
Karena keberangkatan pesawat ditunda 1 jam saya menunggu di kafetaria bandara Adisucipto sekedar minum kopi. Didepan saya duduk seorang ibu sudah agak tua, memakai pakaian Jawa tradisional kain batik dan kebaya, wajahnya tampak tenang dan keibuan.
Sekedar mengisi waktu, saya mengajaknya bercakap-cakap.

"Badhe tindak Jakarta, Bu?"

"Inggih nak, namung transit ing Cengkareng lajeng dhateng Singapura."

"Menawi kepareng nyuwun pirsa, kagungan perlu menapa ibu tindak Singapura..?"

"Tuwi anak kula ingkang nomer kalih Nak. Semahipun nglairaken wonten mrika lajeng kula dipun kintuni tiket lan dipun urusaken paspor langkung Biro Perjalanan. Dados kula kantun budhal boten sisah repot ngurus menapa-menapa".
"Ingkang putra ngasta wonten pundi Bu?"

"Anak kula punika Insinyur Perminyakan, nyambut damel wonten Perusahaan Minyak Asing, sak punika dados Kepala Kantor Cabang Singapura."

"Putra sedaya pinten, Bu?"
"Anak kula sekawan Nak, jaler tiga, estri setunggal. Punika wau anak kula nomer kalih.

Ingkang nomer tiga ugi jaler, Dosen Fakultas Ekonomi UGM, sak punika saweg mendhet Program Doktor wonten ing Amerika.

Ingkang ragil estri, dados dokter spesialis
Anak, semahipun ugi dokter Ahli Bedah lan dosen wonten ing Fakultas Kedokteran Airlangga Surabaya."

"Menawi putra mbajeng?"

"Piyambakipun tani, Nak. Manggen wonten ing Godean nggarap sabin tilaranipun swargi bapakipun".

Saya tertegun sejenak.

Lalu dengan hati-hati saya bertanya,
"Temtunipun Ibu kuciwa kaliyan putra mbajeng nggih Bu? Kok boten sarjana kados rayi-rayinipun."

"Wah, babar pisan boten,Nak. Kita sedaya malah ngurmati piyambakipun. Kanthi kasil saking sawahipun, piyambakipun ngragadi gesang kita sakulawarga lan nyekolahaken rayi-rayinipun sedaya ngantos rampung sarjana".

Saya merenung...
Ternyata yang penting bukan Apa atau Siapa kita, tetapi apa yang telah kita perbuat.
Allah tidak akan menilai apa dan siapa kita tetapi apa amal-ibadah kita.

Tanpa terasa air mata mengalir di pipiku...

Catatan :
Mohon maaf untuk yang tidak mengerti bahasa Jawa, dialog dalam kisah di atas saya tulis apa adanya.

Darsono, Solo.

No comments: